Pranatacara b.jawa | tema ambal warsa sekolah
Nama : Anisa Nur Kholifah
No.
: 04 – 104 – 007 – 2
Ambal
Warsa Sekolah
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
-Ingkang dahat kinurmatan bapak kepala SMP Negeri 1
Pakem.
-Ingkang kula kurmati bapak/ ibu guru lan staff.
-Ingkang kula tresnani para kanca sedaya.
Langkung rumiyin kula dherekaken muji syukur marang ngarsanipun
Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun maringi kasarasan lan rahmat,
saingga kita sedaya saged ngrawuhi acara Ambal Warsa Sekolah ingkang kaping 36.
Kula minangka pranatacara ngaturaken maturnuwun sanget
dhumateng para rawuh, ingkang sampun kersa ngrawuhi adicara sakmenika. Ing
wekdal menika kula badhe maosaken urut reroncenging adicara.
1. Pambuka
2. Tanggap wacana saking bapak kepala sekolah
3. Tanggap wacana saking ketua OSIS
4. Potong tumpeng
5. Pentas seni
6. Panutup
Ngancik adicara ingkang kaping setunggal, inggih
menika pambuka. Mangga kita sedaya maosaken donga miturut kapitadosanipun
piyambak-piyambak. Sumangga! Cekap!
Adicara ingkang kaping kalih inggih menika tanggap
wacana saking bapak kepala sekolah, Bapak Wakijo S.Pd. Dhumateng Bapak Wakijo
S.Pd., wekdal lan papan kula aturaken!
Maturnuwun dhumateng Bapak Wakijo S.Pd. ingkang sampun
maringi tanggap wacana, mugi-mugi mumpangati kangge kita sedaya.
Adicara ingkang kaping tiga, inggih menika tanggap
wacana saking ketua OSIS, sedherek Naufa Rohman Syaifuddin. Dhumateng sedherek
Naufa wekdal lan papan kula aturaken!
Maturnuwun dhumateng sedherek Naufa ingkang sampun
maringi tanggap wacana.
Adicara ingkang saklajengipun inggih menika potong
tumpeng. Dhumateng Bapak Wakijo S.Pd. supados kersa motong tumpeng, wekdal lan
papan kula aturaken!
Maturnuwun dhumateng Bapak Wakijo S.Pd. ingkang sampun
kersa motong tumpeng.
Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika pentas
seni saking sedaya kelas. Dhumateng perwakilan saking sedaya kelas, wekdal lan
papan kula aturaken!
Maturnuwun dhumateng sedaya kelas ingkang sampun
maringi hiburan, mugi-mugi mumpangati kangge kita sedaya,
Ngancik adicara ingkang pungkasan, inggih menika
panutup. Kula minangka pranatacara mbok bilih katah kalepatanipun nyuwun
agunging pangapunten. Mangga kita sedaya maosaken donga miturut kapitadosanipun
piyambak-piyambak. Sumangga! Cekap!
Ing wasana cekap semanten, sugeng kondur.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
👍✌👏
BalasHapusTolong buat teks pranatacara tentang adiwiyata
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusMakasih ya
BalasHapus👍🏼👍🏼👍🏼👍🏼
BalasHapusIzin copas ,makasi
BalasHapus